'/> Teks Pidato Sambutan Janji Nikah Bahasa Jawa ( 7 Pola Terbaik ) -->

Info Populer 2022

Teks Pidato Sambutan Janji Nikah Bahasa Jawa ( 7 Pola Terbaik )

Teks Pidato Sambutan Janji Nikah Bahasa Jawa ( 7 Pola Terbaik )
Teks Pidato Sambutan Janji Nikah Bahasa Jawa ( 7 Pola Terbaik )
Selamat tiba di blog makalah pedia. Apakah kalian ketika ini sedang mencari Teks Pidato Sambutan Pernikahan Bahasa Jawa  ? Hah kalian sempurna sekali mampir di blog saya ini. Pada kesempatan kali ini saya akan menawarkan referensi-referensi atau teladan contoh Teks Pidato Sambutan Pernikahan Bahasa Jawa yang dapat kalian jadikan rujukan .



Berikut ini Teks Pidato Sambutan Pernikahan Bahasa Jawa ( 7 Contoh Terbaik ) :


( CONTOH 1 )

Contoh Pidato Bahasa Jawa dalam Sambutan Penerimaan Pengantin Laki-laki

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Bapa/Rakamas/Adhimas* … (nama paraga pasrah) ingkang satuhu lebda ing karya miwah satuhu pantes ingurmatan. Tetela sampun trawaca anggen panjenengan masrahaken panganten kakung, Bagus … (nama panganten kakung), putra kakungipun Bapa … (nama tiyang-sepuhipun panganten kakung) sakalihan, ingkang pidalem ing … (dedunung tiyang-sepuhipun panganten kakung).

Kula minangka sulih sarira saking Bapa … (nama ingkang hamengku karsa) sakalihan garwa, sepisan, kula tampi taklimipun Bapa … (nama tiyang sepuhipun panganten kakung) sakalihan garwa, tumunten badhe enggal kula aturaken Bapa … (nama tiyang-sepuhipun panganten putri). Kosok wangsulipun, mugi panjenengan kersa ngaturaken taklimipun Bapa … (nama tiyang-sepuhipun panganten putri) sakalihan garwa katur Bapa … (asma ingkang rama panganten kakung) sakalihan garwa.

Ingkang angka kalih, kula tampi kanthi suka-bingahing manah, anggen panjenengan masrahaken panganten kakung, mangke tumunten badhe kapanggihaken miturut adab widhi widana ingkang sampun lumampah ing ngriki. Salajengipun, kula suwun panjenengan sapanggrubyuging panganten kakung kersa hangestreni miwah paring donga-pangestu mugi kaleksananing sedya binerkahan Gusti Ingkang Maha Agung sarta kinalisaken saking sedaya rubeda. Wondene paringipun tandha katresnan kula tampi lan badhe enggal kula caosaken Bapa … (asma iingkang rama panganten putri) sakalihan, inggih ingkang hamengku gati. Mugi-mugi saestu saged nambahi raketing pasadherekan anggenipun mangun bebesanan.

Makaten menggah atur panampi kula, kiranging subasita miwah panataning basa, mugi diagung ing pangaksama. Nuwun.

Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.


Sumber :

-------------------------------------------------------



( CONTOH 5 )

Pidato Bahasa Jawa Singkat : ATUR PASRAHAN PANGANTEN

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Nuwun sagunging para rawuh sadaya ingkang kinurmatan.

Panjenenganipun Bapak………………………..(besan) ingkang dahat kula bekteni.

Kula minangka tetalanging basa cundhakaning atur panjenenganipun Bapak………………..(ingkang mengku damel) kekalih. ingkang sepisan : ngaturaken salam taklimipun mugi kunjuk dhumateng bapak…………………(besan) sekaliyan, kanthi pepuji mugi-mugi Bapak saha ibu…………….(besan) sakaluwarga tansah

pinaringan berkah rahmating Pangeran saha suka rahayu ingkang sami pinanggih.

Kaping kalihipun : kula ugi tinanggenah masrahaken atmaja-nipun inggih Sri panganten kakung ingkang peparap anggun Kanthi panyuwunan mugi kaparenga kadhaupaken kaliyan pun rara……………….putra putrinipun Bapak………………….(besan).

Kaping tiganipun: saderengipun calon panganten kula pasra-haken wonten ing ngarsa panjenengan, kula ngaturaken sesanti puja-

puji pudyastuti ing ngarsanipun Gusti Ingkang Murbeng Dumadi,

mugi-mugi upacara …………………. sageda kalampahan kanthi

wilujeng kalis ing sambekala.

Ing samangke calon panganten kula pasrahaken ing panjene-ngan, selajengipun sadaya kula sumanggakaken masa borong panjenengan.

Cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten cecer cewet tuwin kuciwaning atur saha mbok bilih wonten kirangi suba sita, tandhang-tandhuk tuwin tata krami, kula nyuwun pangaksama.

Akhirulkalam billahit taufik wal hidayah,

Wassalamu’alaikum Wr. Wb. Nuwun!


Sumber : http://pidato.net/290_pidato-bahasa-jawa-singkat-atur-pasrahan-panganten
---------------------------------------------------------------------------


( CONTOH 6 )

Sambutan pahargyan manten

Assalamu alaikun w.w
Nuwun panjenenganipun para sepuh,kakung miwah putri,langkung-langkung para pepunden lan priyagung ingkang winantu kinurmatan lan winantu karahayon.
Ing mriki kula jumeneng pinangka sulih lan wakilipun Bapak Ibu Rajiman Sisworaharjo, kepareng sumela atur,nggempil kamardikan sawatawis saperlu:

Ngambali atur,ngaturaken sugeng rawuh panjenenganipun tamu sekalian kakung saha putri ingkang sampun kepareng ngalonggaraken wekdal rawuh minangkani pamundutipun Bp/Ibu Rajiman Sisworaharjo,ingkang wigatosipun kasuwun hangestreni miwah paring berkah pangestu,anggenipun Bp/Ibu Rajiman Sisworaharjo mahargya ingkang putri wuragil ingkang asma Rr Anik Sutanti Apriani pikantuk Bagus Hanny Suryanto putranipun Bp/Ibu Sarwono saking Pakahan Jogonalan Klaten.

Mugi-mugi pinaringan lulusa raharja,kalis ing rubeda ngantos salajengipun ginayuh anggenipun mahargya putrinipun punika.

Dumateng para rawuh kakung miwah putri lan para pepunden ingkang kinurmatan.
Perlu kula aturaken bilih pernikahan pengantin kekalih sampun kaleksanan kala wau titiwanci jam 09.15 wonten ing ndalem punika kanti slamet kalis ing sambikala.

Ingkang salajengipun dumateng para rawuh lan pinisepuh keparenga paring berkah pangestu mugi-mugi penganten kekalih saged atut runtut dadosa keluarga ingkang sakinah,mawadah,warohmah kasedyan sedaya gegayuhanipun membangun keluarga senang ngantos kaken-kaken ninen-ninen,pikantuka putra ingkang soleh utawi solehah.

Salajengipun Bp/Ibu Rajiman Sisworaharjo mboten kesupen ngaturaken panuwun ingkang tanpa pepindan dumateng kadang warga punapa dene santana ingkang sampun rumentah sampun cancut gumregut nyengkuyung bot repoting pakaryan wiwit purwa, madya ngantos pungkasan,ing panyuwun dumateng Gusti Ingkang Maha Agung mugi paringa leliru ingkang samurwat.

Awit saking kawontenan,rupaking sasana,sumuking swasana dalah sadayanipun ingkang mboten ndadosaken renaning penggalih Bp/Ibu Rajiman Sisworaharjo amung nyuwun lubering samodra pangaksami.

Wasana cekap atur kula ingkang pinangka talanging atur awit Bp/Ibu Rajiman Sisworaharjo,salajengipun kasuwun sakeca lenggah kanti mardikaning panggalih ngantos paripurnaning pawiwahan punika.

Tumrap kula ingkang pinitados talanging atur mbok menawi wonten klenta klintunipun anggen kula matur lan kirang trapsila awit kirangipun seserepan mboten langkung nyuwun agunging pangaksami.

Cekap semanten atur kula,rahayu ingkang pinanggih.
Wassalamu alaikum w.w.

Sumber :  https://cahyopradonggo.wordpress.com/tag/sambutan-manten-bahasa-jawa/
-----------------------------------------------------------------------


( CONTOH 7 )

 CONTOH PASRAH TEMANTEN YANG BAIK


Assalamuallaikum Wr,Wb
Kasugengan,katentreman,kabagaswarasan saha kamulyan mugi tansah tumedhak wonten jiwanggo panjenengan sedaya dalasan kula waradin sagung dumadi.

Nuwun dhumateng Bapa...(wakil Tuan rumah) ingkang wedhal menika minangka sulih sarira saking panjenenganipun Bapa..(Tuan Rumah) sekalian. kula ing ngriki minangka talanging atur saking panjenenganipun Bapa (..Yang di wakili) sarimbit keparengna matur bileh panjenenganipun Bapa.(yang diwakili) sarimbit sepisan ngaturaken puji syukur wonten pepadhaning Gusti Ingkang Maha Wicaksana awit sowanipun sapangombyong saking laladan.. (desa asal yang diwakili) dumugi ngriki sampun pinaringan wilujeng nir ing sambekala tinebeh saking sedaya rubeda.

Kaping Kalih panjenenganipun Bapa ..(yang diwakili) ngaturaken salam taklim katur dhumateng Bapa..(Tuan rumah) kanthi pandhunga mugi-mugi sedaya kesainan agesang tansah tumedhak tumandhuk dhumateng panjenenganipun Bapa..(Tuan Rumah) dalasan gotrah.

Ingkang saklajengipun, panjenenganipun Bapa..(yang diwakili) hanganthi temanten kakung nun inggih Dimas Bagus..(nama pengantin putra) minangka netepi rantamaning adicara ingkang sampun karantam nedya hanjatu krami Nimas Ayu ..(nama pengantin putri) kenya siwinipun Bapa..(Tuan rumah). hambok bileh samudayanipun sampun samapta keparenga kapanggehaken lan kadaupaken miturut adab widi widana ingkang taksih lumampah wonten ing ngriki.

Panjenenganipun Bapa..(yang diwakili) sekulawarga boten katalumpen ugi ndherek ndedunga dhumateng Gusti ingkang Maha Kawasa, mugi-mugi rahayuning sedya saget lumaksana boten manggih rubeda nir ing sakara-kara.

Kejawi saking menika,panjenenganipun Bapa..(yang diwakili) sapangombyong nyuwun gunging samudra pangaksama hambuk bileh karawuhanipun wonten samukawis ingkang boten saget ndadosaken suka gumbiraning manah.

Puput pepuntaning atur,kula ing ngriki minangka sulih sarira saking panjenenganipun Bapa..(yang diwakili)sekalian nglenggana kathah kekiranganipun,pramila saking menika keparenga panjenengan sedaya kesdu atur pangaksama dhumateng kula. wasana, Wasalamualaikum Wr,Wb.
nuwun.


Sumber :


Demikian referennsi rujukan perihal '' Teks Pidato Sambutan Pernikahan Bahasa Jawa ( 7 Contoh Terbaik ) ''. Semoga bermanfaat.

Advertisement

Iklan Sidebar